Sabtu, 4 Oktober 2025

HUT Kemerdekaan RI

5 Contoh Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia

Inilah 5 contoh sambutan saat malam tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, singkat dan mudah diingat.

Penulis: Sri Juliati
Editor: Suci BangunDS
Canva Tribunnews
MALAM TIRAKATAN - Gambar Malam Tirakatan 17 Agustus 2025 dibuat melalui Canva Tribunnews pada Jumat (25/7/2025). Inilah 5 contoh sambutan saat malam tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, singkat dan mudah diingat. 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh 
Bismillah AlhamdulillahAlhamdulillahirabbil'alamin washalatuwassalamu'ala asrafilambiyai walmursalin wa'ala alihi washahbihi ajma'in amma ba'du 

Para pepundhen, para sesepuh, tuwin para pinisepuh
Bapak Kepala Desa, Bapak Ketua RW 5 ingkang dhahat kinurmatan, saha para warga padukuhan ingkang minulya.

Langkung rumiyin, sumangga kita sedaya amemuji syukur dhumateng Allah Swt. ingkang maringi rahmat ugi hidayah saengga kula dalah panjenengan saget mlampah wonten ing pagan menika, saperlu ngrawuhi tirakatan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 80.

Sholawat saha salam boten kalintu kulo aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam, ingkang sampun ngasta kulo sedaya saking jaman peteng dhateng jaman ingkang padhang sumunar.

Salajengipun, kulo ngaturaken raos panuwun ingkang ageng dhumateng sedaya warga ingkang sampun ambebantu wonten ing acara dalu menika, sae saking tenaga utawi pikiran, kagem nyuksesaken acara tirakatan taun menika.

Mboten kasupen kulo inggih ngaturaken raos panuwun ingkang ageng dhumateng donatur utawi sponsor ingkang sampun maringi dhukungan kagem adicara 17 Agustusan menika. Amargi saking dhukungan, acara ing dinten menika saged kaleksanan kanthi lancar saha kemawon ing semangat kanthi guyub.

Kulo saestu ngaturaken pangajeng-ajeng dhumateng kontribusi Ian kerjasamanipun ingkang sampun dipun aturaken Ian mugi sesambetan ingkang sae menika saged tansah wonten ing mangsa ngajeng. Sepindah malih, matur nuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng donatur utawi sponsor ingkang sampun maringi dhukungan. Mugi kita sedaya tansah pinaringan kesehatan saha kasuksesan. Aamiin Aamiin Yarabbal 'alamin.

Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kula tresnani, 
Kamardikan Indonesia ingkang dipun pengeti pendhak 17 Agustus boten miyos saking pitulungan bangsa utawi negari sanes. Kamardikan menika miyos saking usaha para pahlawan, leluhur kita piyambak. Rikala Jumat tanggal 17 Agustus 1945, para founding father sampun kasil maosaken Teks Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia. 

Proklamasi dados puncak perjuangan soho pangurbanan para pahlawan supados uwal saking blenggunipun penjajah. Mawi proklamasi wonten ing Jalan Pegangsaan Timur Nomor 56 menika, kamardikan Indonesia dipunkumandhangaken dhumateng saindenging bawana. 

Tahun menika, kita sedaya mengeti kamardikan Indonesia ingkang kaping 80. Nagari kita sampun mardika saking penjajah. Namung, perjuangan dereng rampung. Tasih kathah ingkang saged kita wujudaken supados Indonesia dados nagari ingkang langkung makmur, langkung rahayu, widada nir ing sambekala. 

Tirakat ingkang kita lampahi ing dalu menika minangka langkah warga dukuh kagem muhasabah dhumateng jasa para pahlawan, ugi introspeksi dhumateng menapa-menapa mawon ingkang sampun kita tindakaken kangge ngisi kamardikan. 

Ingkang dados pangajab, mugi kita sedanten langkung semangat Ian gadhah tekad dados individu ingkang mardika, supados mujudaken Indonesia ingkang langkung mardika. 

Wasana mbok bilih wonten kathah kekirangan ing kaleksanaan adicara menika. Kulo makili Ketua Panitia nyuwun agunging pangaksami. 

Mugi kekirangan menika mboten ngirangi makna Ian guyub acara menika. Mugi-mugi kritik ugi saran saking Bapak, Ibu, saha para rawuh saged dados bahan evaluasi kagem nyelenggaraken acara ingkang langkung sae ing mangsa ngajeng. Matur nuwun awit pengertosan Ian dhukunganipun.

Panutuping atur, Wabillahi taufik walhidayah Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
MERDEKA! MERDEKA! MERDEKA!!!! 

5. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Indonesia

Halaman
1234
Sumber: TribunSolo.com
Rekomendasi untuk Anda

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved