Jumat, 3 Oktober 2025

HUT Kemerdekaan RI

5 Contoh Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia

Inilah 5 contoh sambutan saat malam tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, singkat dan mudah diingat.

Penulis: Sri Juliati
Editor: Suci BangunDS
Canva Tribunnews
MALAM TIRAKATAN - Gambar Malam Tirakatan 17 Agustus 2025 dibuat melalui Canva Tribunnews pada Jumat (25/7/2025). Inilah 5 contoh sambutan saat malam tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, singkat dan mudah diingat. 

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

2. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dari Ketua RT

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Sugeng dalu, Bapak/Ibu Ketua RW ingkang satuhu kinurmatan, para sesepuh ingkang kula hormati, saha Bapak/Ibu warga RT ____ ingkang kula tresnani.

Alhamdulillah, ing dalu menika kita saged kempal manunggal, mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 80 (wolung dasa). Acara menika mboten sanes minangka wujud raos syukur lan pangormatan kita dhumateng para pahlawan ingkang sampun gugur, ngorbanaken jiwa raga kangge kemerdekaan bangsa.

Kula minangka ketua RT, ngaturaken panuwun sanget dhumateng sedaya warga, utaminipun dhumateng panitia ingkang sampun kerja keras. Mugi-mugi, semangat kebersamaan ing dalu menika saged tansah kita lestantunaken. Sengkuyung sareng, guyub rukun, menika minangka kunci majengipun lingkungan kita.

Monggo, kita lajengaken acara menika kanthi khidmat, sinambi ndongakaken mugi-mugi Indonesia tansah jaya, lan warga ing lingkungan kita tansah pinaringan berkah saking Gusti Allah SWT.

Nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kekirangan ingkang kula aturaken.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

3. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dari Ketua RW

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Sugeng dalu, para Bapak/Ibu Ketua RT, para tokoh masyarakat, para sesepuh, lan sedaya warga ingkang kula hormati lan kula tresnani.

Puji syukur kita unjukaken dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun paring berkah Kamardikan kagem bangsa kita. Ing dalu ingkang suci menika, kita sami kempal, tirakatan, ndedonga, lan renungan, babagan makna kemerdekaan.

Kula mirsani, semangat gotong royong ing lingkungan kita menika saestu luar biasa. Saking adicara menika, kita saged ningali bilih persatuan lan kesatuan warga menika saged ngasilaken kathah prekawis ingkang sae. Pramila, kula ngajak sedaya warga, monggo kita tambah raket anggenipun paseduluran. Mugi-mugi, sengkuyung menika saged dados tuladha ingkang sae kangge generasi mudha.

Mugi-mugi, kanthi tirakatan menika, kita sedaya saged dados warga ingkang langkung sae. Ingkang tansah njagi kerukunan, lan saged ngisi kemerdekaan menika kanthi tumindak ingkang migunani tumrap bangsa lan nagari.

Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

4. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa

Halaman
1234
Sumber: TribunSolo.com
Rekomendasi untuk Anda

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved