HUT Kemerdekaan RI
5 Contoh Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia
Inilah 5 contoh sambutan saat malam tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, singkat dan mudah diingat.
TRIBUNNEWS.COM - Salah satu tradisi masyarakat Indonesia dalam menyambut Hari Kemerdekaan 17 Agustus adalah menggelar malam tirakatan.
Malam tirakatan 17 Agustus adalah kegiatan doa bersama dan perenungan spiritual yang dilakukan oleh masyarakat menjelang peringatan 17 Agustus.
Tahun ini, malam tirakatan 17 Agustus akan dilaksanakan pada Sabtu, 16 Agustus 2025 malam.
Saat malam tirakatan, sejumlah pihak seperti ketua panitia, ketua RT, ketua RW, kepala dusun, hingga kepala desa akan memberikan kata sambutan.
Sambutan berfungsi sebagai salam pembuka yang menandai dimulainya rangkaian acara tirakatan secara resmi.
Sambutan juga menjadi momen untuk merefleksikan dan mengingatkan kembali hadirin tentang makna kemerdekaan.
Bagi masyarakat yang kebingungan membuat teks, Tribunnews.com telah merangkum contoh sambutan yang dapat menjadi referensi.
Contoh sambutan saat malam tirakatan 17 Agustus ini tersedia dalam Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia yang singkat serta mudah diingat.
1. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dari Ketua Panitia
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Sugeng ndalu, salam sejahtera kagem kita sedaya.
Ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Ketua RW ____, Bapak/Ibu Ketua RT ____, Bapak/Ibu sesepuh, lan sedaya warga ingkang kula tresnani.
Baca juga: Naskah Doa untuk Peringatan Malam Tirakatan 17 Agustus 2025 HUT ke-80 RI
Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan karunia, saengga kita saged makempal ing dalu menika, saperlu ngawontenaken malam tirakatan, kanthi sehat wal afiat.
Kula minangka ketua panitia, ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya warga ingkang sampun kersa rawuh. Matur nuwun sanget dhumateng Bapak/Ibu ingkang sampun mbiyantu, sae punika materi utawi tenaga, ngantos acara tirakatan menika saged kalaksanan kanthi sae.
Malam tirakatan menika minangka wujud syukur kita, bilih bangsa Indonesia sampun merdeka. Mugi-mugi, kanthi tirakatan menika, semangat perjuangan para pahlawan saged tansah kumanthil ing manah kita, lan kita saged ndadosaken lingkungan kita menika tansah rukun, aman, lan tentrem.
Cekap semanten atur kula. Menawi wonten klenta-klentu anggen kula matur, nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
2. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dari Ketua RT
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Sugeng dalu, Bapak/Ibu Ketua RW ingkang satuhu kinurmatan, para sesepuh ingkang kula hormati, saha Bapak/Ibu warga RT ____ ingkang kula tresnani.
Alhamdulillah, ing dalu menika kita saged kempal manunggal, mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 80 (wolung dasa). Acara menika mboten sanes minangka wujud raos syukur lan pangormatan kita dhumateng para pahlawan ingkang sampun gugur, ngorbanaken jiwa raga kangge kemerdekaan bangsa.
Kula minangka ketua RT, ngaturaken panuwun sanget dhumateng sedaya warga, utaminipun dhumateng panitia ingkang sampun kerja keras. Mugi-mugi, semangat kebersamaan ing dalu menika saged tansah kita lestantunaken. Sengkuyung sareng, guyub rukun, menika minangka kunci majengipun lingkungan kita.
Monggo, kita lajengaken acara menika kanthi khidmat, sinambi ndongakaken mugi-mugi Indonesia tansah jaya, lan warga ing lingkungan kita tansah pinaringan berkah saking Gusti Allah SWT.
Nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kekirangan ingkang kula aturaken.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
3. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa dari Ketua RW
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Sugeng dalu, para Bapak/Ibu Ketua RT, para tokoh masyarakat, para sesepuh, lan sedaya warga ingkang kula hormati lan kula tresnani.
Puji syukur kita unjukaken dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun paring berkah Kamardikan kagem bangsa kita. Ing dalu ingkang suci menika, kita sami kempal, tirakatan, ndedonga, lan renungan, babagan makna kemerdekaan.
Kula mirsani, semangat gotong royong ing lingkungan kita menika saestu luar biasa. Saking adicara menika, kita saged ningali bilih persatuan lan kesatuan warga menika saged ngasilaken kathah prekawis ingkang sae. Pramila, kula ngajak sedaya warga, monggo kita tambah raket anggenipun paseduluran. Mugi-mugi, sengkuyung menika saged dados tuladha ingkang sae kangge generasi mudha.
Mugi-mugi, kanthi tirakatan menika, kita sedaya saged dados warga ingkang langkung sae. Ingkang tansah njagi kerukunan, lan saged ngisi kemerdekaan menika kanthi tumindak ingkang migunani tumrap bangsa lan nagari.
Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
4. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bismillah AlhamdulillahAlhamdulillahirabbil'alamin washalatuwassalamu'ala asrafilambiyai walmursalin wa'ala alihi washahbihi ajma'in amma ba'du
Para pepundhen, para sesepuh, tuwin para pinisepuh
Bapak Kepala Desa, Bapak Ketua RW 5 ingkang dhahat kinurmatan, saha para warga padukuhan ingkang minulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita sedaya amemuji syukur dhumateng Allah Swt. ingkang maringi rahmat ugi hidayah saengga kula dalah panjenengan saget mlampah wonten ing pagan menika, saperlu ngrawuhi tirakatan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 80.
Sholawat saha salam boten kalintu kulo aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam, ingkang sampun ngasta kulo sedaya saking jaman peteng dhateng jaman ingkang padhang sumunar.
Salajengipun, kulo ngaturaken raos panuwun ingkang ageng dhumateng sedaya warga ingkang sampun ambebantu wonten ing acara dalu menika, sae saking tenaga utawi pikiran, kagem nyuksesaken acara tirakatan taun menika.
Mboten kasupen kulo inggih ngaturaken raos panuwun ingkang ageng dhumateng donatur utawi sponsor ingkang sampun maringi dhukungan kagem adicara 17 Agustusan menika. Amargi saking dhukungan, acara ing dinten menika saged kaleksanan kanthi lancar saha kemawon ing semangat kanthi guyub.
Kulo saestu ngaturaken pangajeng-ajeng dhumateng kontribusi Ian kerjasamanipun ingkang sampun dipun aturaken Ian mugi sesambetan ingkang sae menika saged tansah wonten ing mangsa ngajeng. Sepindah malih, matur nuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng donatur utawi sponsor ingkang sampun maringi dhukungan. Mugi kita sedaya tansah pinaringan kesehatan saha kasuksesan. Aamiin Aamiin Yarabbal 'alamin.
Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kula tresnani,
Kamardikan Indonesia ingkang dipun pengeti pendhak 17 Agustus boten miyos saking pitulungan bangsa utawi negari sanes. Kamardikan menika miyos saking usaha para pahlawan, leluhur kita piyambak. Rikala Jumat tanggal 17 Agustus 1945, para founding father sampun kasil maosaken Teks Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia.
Proklamasi dados puncak perjuangan soho pangurbanan para pahlawan supados uwal saking blenggunipun penjajah. Mawi proklamasi wonten ing Jalan Pegangsaan Timur Nomor 56 menika, kamardikan Indonesia dipunkumandhangaken dhumateng saindenging bawana.
Tahun menika, kita sedaya mengeti kamardikan Indonesia ingkang kaping 80. Nagari kita sampun mardika saking penjajah. Namung, perjuangan dereng rampung. Tasih kathah ingkang saged kita wujudaken supados Indonesia dados nagari ingkang langkung makmur, langkung rahayu, widada nir ing sambekala.
Tirakat ingkang kita lampahi ing dalu menika minangka langkah warga dukuh kagem muhasabah dhumateng jasa para pahlawan, ugi introspeksi dhumateng menapa-menapa mawon ingkang sampun kita tindakaken kangge ngisi kamardikan.
Ingkang dados pangajab, mugi kita sedanten langkung semangat Ian gadhah tekad dados individu ingkang mardika, supados mujudaken Indonesia ingkang langkung mardika.
Wasana mbok bilih wonten kathah kekirangan ing kaleksanaan adicara menika. Kulo makili Ketua Panitia nyuwun agunging pangaksami.
Mugi kekirangan menika mboten ngirangi makna Ian guyub acara menika. Mugi-mugi kritik ugi saran saking Bapak, Ibu, saha para rawuh saged dados bahan evaluasi kagem nyelenggaraken acara ingkang langkung sae ing mangsa ngajeng. Matur nuwun awit pengertosan Ian dhukunganipun.
Panutuping atur, Wabillahi taufik walhidayah Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
MERDEKA! MERDEKA! MERDEKA!!!!
5. Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus dalam Bahasa Indonesia
Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Selamat malam dan salam sejahtera bagi kita semua.
Yang terhormat, Bapak/Ibu Ketua RW, Bapak/Ibu Ketua RT, para sesepuh, tokoh masyarakat, dan seluruh warga yang saya cintai.
Puji syukur kita panjatkan ke hadirat Tuhan Yang Maha Esa atas rahmat dan karunia-Nya, sehingga kita dapat berkumpul pada malam yang khidmat ini untuk melaksanakan malam tirakatan dalam keadaan sehat walafiat.
Atas nama panitia, saya ingin menyampaikan rasa terima kasih yang sebesar-besarnya kepada Bapak dan Ibu sekalian yang telah hadir. Kami juga mengucapkan terima kasih tak terhingga kepada seluruh pihak yang telah membantu, baik moril maupun materiil, sehingga acara malam tirakatan ini dapat terselenggara dengan baik.
Malam tirakatan ini adalah wujud rasa syukur kita atas kemerdekaan bangsa Indonesia yang kita cintai. Melalui malam renungan ini, mari kita hayati kembali semangat perjuangan para pahlawan yang telah rela berkorban jiwa dan raga demi kemerdekaan. Semoga semangat kebersamaan dan gotong royong yang kita tunjukkan malam ini dapat terus kita pelihara demi kemajuan lingkungan kita.
Demikian sambutan dari saya. Mohon maaf apabila ada kekurangan dalam penyelenggaraan acara ini.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
(Tribunnews.com/Sri Juliati)
Sumber: TribunSolo.com
HUT Kemerdekaan RI
VIRAL Bocah SD di Gowa Ketahuan Pungut Kue Sisa Pejabat, Endingnya Bikin Nangis Haru |
---|
Besok Hari Terakhir Diskon Tambah Daya Listrik 50 Persen dari PLN |
---|
Promo Merdeka KAI Diskon 20 Persen Diperpanjang hingga 31 Agustus 2025 |
---|
Peringatan HUT ke-80 RI di Caracas: Upacara Bendera dan Peletakan Karangan Bunga di Panteón Nacional |
---|
Armaya Doremi Bangga Kibarkan Bendera Merah Putih di Boston City Hall untuk Pertama Kalinya |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.