Kamis, 2 Oktober 2025

Soal Latihan

30 Soal Asesmen Madrasah Bahasa Jawa Kelas 6 MI 2024, Lengkap dengan Kunci Jawabannya

Contoh soal Asesmen Madrasah (AM) Bahasa Jawa Kelas 6 2024, lengkap dengan kunci jawaban, terdiri dari 30 soal pilihan ganda, soal materi kelas 1-6.

Kolase Tribunnews
Soal Asesmen Madrasah Bahasa Jawa Kelas 6 2024 - Contoh soal Asesmen Madrasah (AM) Bahasa Jawa Kelas 6 2024, lengkap dengan kunci jawaban, terdiri dari 30 soal pilihan ganda, soal materi kelas 1-6. 

Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku....
A. Joko Seger
B. Roro Anteng
C. Joko Seger lan Rara Anteng
D. Gunung Lejar

Kunci jawaban: C

11. Nalika kowe weruh enek wong tua arep nyebrang dalan, opo kang kudu mbok tidakake ...
A. meneng wae
B. nyebrangake wong tuo mau
C. bablas mangkat sekolah
D. sajak ora ngerti opo-opo

Kunci jawaban: B

12. Anak sapi arane ...
A. pedhet
B. gudhel
C. gogor
D. cindhil

Kunci jawaban: A

Wacanen teks ing ngisor iki kanggo pancadan nggarap soal nomer 13-16!

Dolan Menyang Taman Maerakaca

Nalika preinan, Bawa, Asti, Puji, lan bapak ibune piknik. Bawa sakulawarga padha piknik mengyang Taman Maerakaca. Bawa topina, nyangklong tustel ing pundhake, lan nganggo tas pinggang. Wah, kaya wartawan cilik.

"Mas, aku difoto," panjaluke Asti adhine.

Asti lan Puji padha rangkulan difoto dening Bawa. Bapak ibune mung ngawasi solah tingkahe putrane. Jeprat-jepret, pindhah kana pindhah kene. Sakulawarga padha eksen. Bawa dadi juru potret kaya fotografer.

13. Manut isine wacan topik kang cocok yaitu :
A. Kesenengan
B. Pariwisata
C. Kabudayan
D. Prastawa

Kunci jawaban: B

14. Sipate paraga Asti lan Puji ana ing wacan ing dhuwur yaiku ...
A. Aleman
B. Blater
C. Rukun
D. Kemayu

Kunci jawaban: C

15. Manut sandhang panganggonane, Bawa iku kaya wartawan clik.

Tegese tembung sing digaris ngisore ana ing ukara kasebut yaiku ....
A. Tukang golek warta utawa kabar
B. Tukang golek gambar
C. Tukang foto
D. Tukang nggambar

Kunci jawaban: A

16. Amanat utawa pesen kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur yaiku ...
A. Sing sapa seneng piknik bakale mundhak akeh kanca
B. Manungsa iku perlu ngaso kanggo ngleremke pikir, mula padha seneng-senenga.
C. Wisata kulawarga iku bisa gawe pikiran dadi padhang, kulawarga katon rukun, kanggone negara nama asil kanggo nglancarake pembangunan.
D. Kabeh wong iku butuh papan kanggo gawe seneng ati, mulane yen preinan padha dolan.

Kunci jawaban: C

17. Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.

Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku....
A. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
B. Bocah-bocah kelas VI kemah
C. Kemah pramuka ing Wonosalam
D. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

Kunci jawaban: C

Halaman
1234
Sumber: TribunSolo.com
Rekomendasi untuk Anda

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved