Selasa, 7 Oktober 2025

Kunci Jawaban

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 76, Tugas 2: Ngembangake Cengkorongan Dadi Teks Pidhato

Berikut kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 halaman 76. Memuat Tugas 2 untuk Ngembangake Cengkorongan Dadi Teks Pidhato.

Penulis: Enggar Kusuma Wardani
Buku Bahasa Jawa Kelas 9
Kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 halaman 76. Siswa diminta untuk Ngembangake Cengkorongan Dadi Teks Pidhato dalam Tugas 2. 

Puji syukur tansah katur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdhal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.

Wonten ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken bab njaga karesikan lingkungan. Kula lan hadirin ingkang rawuh menika mesthi remen menawa lingkungane resik, amarga lingkungan ingkang resik nuwuhaken rasa nyaman.

Lingkungan ingkang resik uga saged dadosaken penghunine sami sehat lan terhindar saking penyakit. Amarga bibit penyakit punika seneng manggen wonten ing lingkungan kotor.

Njaga karesikan lingkungan saged diwiwiti saking awake dhewe. Tuladhanipun, mbucal sampah wonten ing tempat sampah lan dipisah miturut jinis sampah punika.

Saklajengipun, uga saged dilaksanakaken kerja bakti rutin supados sedanten penghuni lingkungan sekolah nggadhahi kontribusi dhumateng karesikan lingkungan.

Mugi-mugi kita sedaya sageda mujudaken, ampun ngantos kita bucal sampah sembarangan lan nyebabaken sampah menika dados sarang penyakit.

Kula kinten cekap semanten atur kula, mugi-mugi punapa ingkang kula aturaken punika samangke saged mumpangati dhumateng kita sedaya, amin. Wusana bokbilih wonten lepatipunanggen kula matur, kula nyuwun samodra pangaksami.

Nuwun.

*) Disclaimer:

- Artikel ini hanya ditujukan kepada orang tua untuk memandu proses belajar anak.

- Sebelum melihat kunci jawaban, siswa harus terlebih dahulu menjawabnya sendiri, setelah itu gunakan artikel ini untuk mengoreksi hasil pekerjaan siswa.

(Tribunnews.com/Enggar Kusuma)

Sumber: TribunSolo.com
Rekomendasi untuk Anda

Berita Terkini

© 2025 TribunNews.com, a subsidiary of KG Media. All Right Reserved